Buat yang bingung nyari materi macapat kesana kemari nggak nemu-nemu juga, kali ini saya posting materi macapat. Semoga dapat membantu temen-temen semua, jangan lupa comment jika ada kesalahan yang mungkin harus diperbaiki atau juga yang belum paham ya..
1.    Tegesing Macapat
Wujuding kasusastran menika wonten  kalih, inggih menika tembang lan gancaran.
Macapat mujudaken asiling kasusastran Jawa ingkang awujud tembang. Tegesipun inggih punika sawijining tembang anggenipun maos, nyekaraken utawi nglagokaken kapedhot sekawan-sekawan.
Tegesipun macapat saking bahasanipun inggih punika :
q     Maca lan pat, tegesipun pamaosipun papat- 
       papat. Anggenipun maos saben gatranipun
       kapunggel 4 wanda 4 wanda.
q    Saking maca lan cepet ateges maosipun
       kedah cepet

2.    Peranganing Tembang Macapat
a.    Guru wilangan :cacahing wanda saben sagatra
b.     Guru Lagu       : dhawahing swara saben pungkasane gatra   (aksara vocal)
c.   Guru Gatra      : cacahing larik saben sapada (baris).
d.   Wanda  (suku kata)
e.    Gatra  (larik)
f.    Pada  andhegan (bait)
g.    Pupuh  tembang, sapupuh ateges satembang utawi sajinis tembang. Sapupuh saged kadadosan pinten -pinten pada, upaminipun 12 pada tembang Sinom 12 pada tembang Sinom menika kawastanan pupuh sinom.
h.   Cakepan tetembungan ingkang kaginakaken ing tembang.

Tuladha :
Pucung                            12u                 6a      8i       12a
                       
Aranipun tembang     guru wilangan                 guru lagu

3.    Caranipun Ndamel Tembang Macapat
1.    Temtokna lan tulisen ngengingi gagasan punapa ingkang badhe  kadamel  tembang, satemah saged mangerteni wewatakanipun.
2.    Temtokn
a tembang punapa ingkang badhe kadamel.
3.    Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
4.   
Ndamel ukara-ukara (kalimat ) ingkang selaras kalihan paugerane tembang macapat.
5.    Titinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara
ingkang kadamel kalawau kedah trep kalihan paugeran tembang ingkang panjenengan damel kalawau.

Comments

Popular posts from this blog

PANGERTOSAN, PERANGAN, JEJIBAHAN, METODE LAN TULADHA PRANATACARA

STRUKTUR DAN KAIDAH TEKS CERITA ULANG BIOGRAFI SOEHARTO