PANGERTOSAN, PERANGAN, JEJIBAHAN, METODE LAN TULADHA PRANATACARA
PANGERTOSAN, PERANGAN, JEJIBAHAN, METODE LAN TULADHA
PRANATACARA
Hai semuanya...
makasih sudah sempat mampir di blog aku. Pada kesempatan kali ini, aku bakalan
posting tentang “Pranatacara”. Nah, Pranatacara itu salah satu materi di kelas
11 SMA di sekolahku. Jadi, aku bakal share tentang materi Pranatacara dan
contohnya ke temen-temen semua. Beruntung banget nih mampir di blog ini karna
aku mau share panjang lebar. Mungkin ada temen-temen yang kurang mendapat buku pelajaran
bahasa Jawa? Jangan khawatir... disini akan dikupas, yaaaa.. seperti mengupas
pisang. Haha
Oke langsung saja, simak ya.. semoga
bermanfaat.
Jangan lupa comment apabila ada
kesalahan atau kurang paham, mungkin aku bisa ngebantu temen-temen.
PRANATACARA

A. Pangertosan
Salah satunggaling
pedaleman ingkang nggadahi jejibahan nglantaraken reroncening adicara ing
salebeting acara saking purwa dumugi wasana.
B. Perangan Pranatacara
1.
Pambuka
è
Salam : Uluk salam dhateng ingkang rawuh
Tuladha:
Assalamu’alaikun
Sugeng enjing
Sugeng siyang
Sugeng rawuh
è
Atur
Pamuji: Ngonjukaken puji syukur dhateng Gusti
Tuladha : Sumangga kula panjenengan ngonjukaken
puji syukur dhateng
Gusti Allah S.W.T ingkang sampun
paring kanikmatan satemah
Kula lan panjenengan saged kempal
manunggal ing papan
Menika kanthi kalis nir
sambekala.
è Atur
Pakurmatan: Minangka tandha pakurmatan dhateng ingkang rawuh
Tuladha :
Kepala SMA N 2 Wonosari ingkang minulya Bapak, Ibu
Dwija ingkang kinurmatan
Kanca-kanca ingkang bagyamulya
2. Isi:
Reroncening adicara
3. Panutup
è Atur
panuwun: Minangka atur panuwun kagem tiyang ingkang sampun rawuh
Tuladha : Matur nuwun arwit kawruhipun
panjenengan ing titi wanci
menika.
è Atur
pangapunten: Atur pangapunten menawi wonten kalepatan
Tuladha : Saderengipun kula mungkasi adicara
menika, kula
minangka pranatacara
ngaturaken atur pangapunten
hambak bilih anggen kula nglantaraken
acara ing wanci
menika wonten kalepatam atur
amargi kirangipun
seserapan.
è Salam
panutup
C. 4W
1. Wiraga
Inggih menika ngengingi babagan solah
bawah/ trapsila nalika ngandharaken pranatacara.
2. Wirama
Inggih menika ngengingi babagan irama/
intonasi ingkang dipunginakaken nalika dados pranatacara.
3. Wirasa
Inggih menika ngengingi babagan
penghayatan kaliyan adicara.
4. Wicara
Inggih menika ngengingi babagan pocapan
ingkang cetha (t, th, d, dh) lan saged mbedakaken tetembungan ingkang memper.
D. Jejibahan Pranatacara
1. Maosaken
urut-urutaning acara.
2. Ngatur
saha nglantaraaken adicara supados saged gangsar
3. Maosaken
saha nyamektaaken paraga ingkang kajibah nindakaken tanggap wacana.
E. Metode-metode Ngandharaken
Pranatacara
1. Maos
teks
Nalika nindakaken jejibahan pranatacara
kanthi maos teks.
2. Apalan
Nalika ngandharaken jejibahan
pranatacara menika kanthi ngapalaken teks ingkang dipunwaos.
3. Ekstemporan
Nalika nindakaken jejibahan pranatacara
ngasta cathetan alit.
4. Impromtu
Pranatacara nindakaken jejibahan kanthi
dadakan.
Tuladha
Teks Pranatacara:
Assalamu’alaikum wr.wb
Sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan saha kasarasan
satemah kita sedaya saged kempal manunggal wonten ing tata adicara pengetan
dinten kamardikan menika.
Bapak Tedjo Suprapto
minangka dukuh saking Padukuhan Klayar ingkang minulya.
Bapak Wakijo minangka
ketua RT 02 Padukuhan Klayar ingkang kinurmatan.
Para rawuh kakung
sumawana putri ingkang pantes sinudarsana.
Wonten ing titiwanci menika, kula minangka pranatacara
badhe ngandharaken susunan adicara. Inggih menika:
1.
Pambuka
2.
Atur pangandikan saking ketua panitia
3.
Atur pangandikan saking ketua RT 02
4.
Atur pangandikan saking dukuh
5.
Pagelaran seni tari
6.
Pambagean hadiah
7.
Panutup
Ingkang setunggal, mangga adicara menika
kita purwakani kanthi waosan basmalah.
Kula
ndherekaken...
Matur nuwun.
Acara
ingkang kalih inggih menika atur pangandikan saking sedherek Budi Prasetyo minangka
ketua panitia. Dhumateng sedherek Budi Prasetyo kula sumanggaaken. Matur nuwun kula aturaken dhumateng
sedherek Budi Prasetyo.
Acara
ingkang ketiga inggih menika atur pangandikan saking Bapak Wakijo minangka
ketua RT 02. Dhumateng Bapak Wakijo kula sumanggaaken. Matur nuwun kula
aturaken dhumateng Bapak Wakijo.
Acara
ingkang sekawan inggih menika atur pangandikan saking Bapak Tedjo Suprapto
minangka dukuh saking Padukuhan Klayar. Dhumateng Bapak Tedjo Suprapto kula
sumanggaaken. Matur
nuwun kula aturaken dhumateng Bapak Tedjo Suprapto.
Acara
ingkang gangsal inggih menika pagelaran seni tari saking pemuda Padukuhan Klayar. Dhumateng pemuda
Padukuhan Klayar kula sumanggaaken. Makaten pagelaran seni tari saking pemuda Padukuhan
Klayar ingkang sampun ngregengaken acara menika.
Acara
ingkang enem inggih menika pambagean hadiah.
Acara
ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Matur nuwun dhumateng
panjenengan sedaya sampun rawuh wonten ing adicara menika. Kula minangka
pranatacara menawi kathah kalepatanipun, kaperenga panjenengan sedaya paring
agenging samudra pangaksami. Mangga kita tutup acara menika kanthi waosan
hamdalah sesarengan, kula sumanggaaken.
Matur nuwun,
wassalamu’alaikum wr.wb
Comments
Post a Comment